megamendungkelabu

Minggu, 24 Juni 2012


Mujiyono (Mujix): Komik Dadi Wahana Sosial Lan Kritik

 | Dilihat: 162 Kali




Rambute kriting, awake kuru, senenge nggambar komik. Mujiyono, mahasiswa jurusan Televisi Fakultas Seni Rupa ISI Solo iki wus telung taun dadi komikus. Wus pirang-pirang adicara pameran komik ing Solo kang dieloni dheweke. Karya komike akeh kang ngangkat prakara urip. Bisa saka kahanan ing kampus, para kanca lan mahasiswi, tekan warta pulitik. “Kabeh tema kang diangkat tetep bisa gawe guyu lan bisa kanggo panglipur,” ujare Mujiyono nalika ditemoni Espos,Selasa (12/6).
Dheweke uga ana ing pepanthan komik Solo kang jenenge Komisi Solo. Ing pepanthan iku, para mudha-mudhi kang seneng nggambar bisa melu nyemplung ing pepanthan iku kanggo ngudarasa lan sinau babagan komik. Komik yakuwi gambar kang duwe crita. Bisa diarani komik nalika ana paling sithik rong kothak gambar kang duwe crita. “Komik ing Solo wus akeh sing seneng, ananging durung kaya Jepang. Ing kene isih kanggo klangenan lan seneng-seneng, uga kanggo golek sedulur,” kandhane wong Simo, Boyolali iki.
Saiki, dheweke lagi coba ngrampungake buku komik kang cacahe ana satusan lembar. Komik iki, ujare, bakal didol ing pasaran. Nanging saiki, kanoman 24 taun iki dadi komikus freelance ing koran lan majalah ing Solo lan Jakarta. “Asile lumayan, kena kanggo nambah sangu,” kandhane Mujix, celukane.
Miturut Mujix, sejatine para komikus ing Solo ora mung nyonto komik saka Jepang lan Amerika, ananging uga wus padha gawe komik kanthi crita wayang. Wayang bisa luwih ditampa dening bocah enom nalika ana medhia kang luwih apik, salah sijine komik. “Saben komikus duwe kapribaden beda-beda, ana sing seneng nggambar wayang, uga ana sing realis,” jlentrehe Mujix. 

Mujix
akhirnya komik "unyil: other story" siap diupload,
kapan? bentar, masih stress dan pusing gak
jelas nih :|
huft
Solo, 24 Juni 2012


Label: